بسم الله الرحمن الرحيم
Ngebut menentukan tema, menentukan kerangka, mengembangkan kerangka, hingga menentukan judul
Iku Dhewekmu, Lapanganku
Anggitanipun: Naili Mawadda X-7(17)
Garing
Nglemah bengkah
Kasawang kadya
gurun pasir
Estu, ing
netraku
Iku kawitanmu
tapi dhisik
Aku
mung bisa nyawang
Saka
sisih kiwa lawang
Ujan
riwis-riwis
Andadeake
suket-suketmu mringis
Suket
larang, jarene
Sing
dadi kemulmu saiki, le
Dhewekmu
sanalika kasulap
Jroning
tangan-tangan trampil
sing kringete
tumiba ora mung secuil
Tumiba ing
padang ijo wujud tirta
Tangan-tangan
kuwi tanpa sayah nyemproti
Gawe seger suket
uga awakmu, gen ora mati
Lapangan
anggonku ngudi ilmu….
Saiki
sliramu ayu
Ayu
tenan
Ananging
kemulmu isih suwek, sithik
Sabar, ora
apa-apa
Tetep!
Katon endah
Atiku bungah
Tetep!!
Sanadyan mung
nyawang
saka sisih kiwa
lawang




0 komentar:
Posting Komentar